Berita

Babad Bedhaya Mintaraga

82
×

Babad Bedhaya Mintaraga

Sebarkan artikel ini

Yogyakarta, HarianForum.com – 1. Pangkur
Uninga tari bedhaya,
Mintaraga winarna duking nguni,
Jaman Airlangga Prabu,
Ing Kraton Kahuripan,
Kang sinebut Empu Kanwa gya gumregut,
Yasa Harjuna Wiwaha,
Kaloka kitab kakawin.

Wulangan tari Bedhaya,
Mintaraga yasan Dalem Narpati,
Kanjeng Sultan Ping Sepuluh,
Kraton Ngayogyakarta,
Ajaran gung Hamengku Buwana linuhung,
Disertasi ngelmu rasa,
Perspektif Hermeneutik.

Lumaksana pendadaran,
Pak Marwanto mantheng mandeng promosi,
Doktor tari adi luhung,
Ing kampus Karangmalang,
Wusnya rampung Prof Suwardi anyengkuyung,
Prof Kuswarsantyo gumregah,
Dadya promotor pembimbing.

2. Sinom

Kitab Harjuna Wiwaha,
Nama Begawan Ciptaning,
Jagone Dewa Kahyangan,
Munah satru murka sakti,
Gentur tapane resi,
Niwata Kawaca Prabu,
Ing Hima Himantaka,
Nyidra Supraba Bathari,
Mintaraga karya tentrem jagat raya.

Ajarane ngelmu rasa,
Sakjroning bedhaya tari,
Crita tutur Mintaraga,
Yasan Dalem Sultan Aji,
Ngayogyakarta nagri,
Narendra kaping sepuluh,
Hamengku Buwana yekti,
Sung pepadhang jagad raya sigra terang.

Prof Siswantoyo pangarsa,
Carik Bu Wenti Nuryanti,
Prof Anik Gufron miterang,
Pak Agus Cahyono meling,
Mangka dadya pangeling,
Doktor Marwanto wus lulus,
Ujian tinarbuka,
Tatag tutug gelis wasis,
Jangkep lancar sung wangsulan kanthi gangsar.

3.Kinanthi

Airlangga paring dhawuh,
Harjuna Wiwaha inganggit,
Kawruh praja Kahuripan,
Empu Kanwa mesu budi,
Kitab ageng rinumpaka,
Mangka ajaran lestari.

Hermeneutik andulu,
Binabaring disertasi,
Jroning tari Mintaraga,
Bedhaya paring pepeling,
Sarana warah piwulang,
Lenggahing Harjuna Yogi.

Pak Marwanto
kapinuju,
Tanggale nem Pebruari,
Rong ewu selawe warsa,
Kemis Wage titi wanci,
Dosen tendik mahasiswa,
Lulus doktor anekseni.

4. Pucung

Maca buku garapan gunung Merbabu,
Harjuna Wiwaha,
Lakon wayang Ciptawening,
Patuladhan gesang tumraping bebrayan.

Sigra katur sagotra suka pitutur,
Bangsal Kepatihan,
Tari bedhaya ndayani,
Ngelmu rasa mesu budi olah jiwa.

Gotek catur Doktor Marwanto misuwur,
Penari kawentar,
Bagus alus merak ati,
Sigrak gumyak solah bawa sarwa penak.

5. Gambuh

Prayoga ngangsu kawruh,
Serat Wiwaha Jarwa sung tuduh,
Sastra piwulang becik jaman kawuri,
Macapat rakitan tembung,
Mintaraga cinarios.

Bedhaya mengku kawruh,
Lenggah lungguh wanuh rereh ruruh,
Ngerti marang sangkan paraning dumadi,
Lila pasrah jiwa tulus,
Manut wedharan kedhaton.

Doktor Marwanto unggul,
Mantep mantul beksane pinunjul,
Dosen tari sregep mulang siswa siswi,
Kampus UNY lumaku,
FBSB mrih kesohor.

6. Mijil

Kersa ndhudhah pagelaran ringgit,
Becik lamun maos,
Reriptan kakawin empu gedhe,
Airlangga marisi tepa palupi,
Saguh darma bakti,
Conto labet labuh.

Manunggaling kawula lan Gusti,
Pangarsa Karaton,
Kanjeng Sultan aneng Gedhong Jene,
Paring dhawuh kinen mawas dhiri,
Kinarya palupi,
Pinanggih rahayu.

Amarsudi wulang wuruk tari,
Katonton miraos,
Pacak gulu trisik gawe rame,
Doktor Marwanto seniman pilih,
Luruh mriyayeni,
Tanggap gupuh aruh.

7. Maskumambang

Empu Kanwa nyata pujangga linuwih,
Jumbuh bedhaya Mintaraga,
Arga Kelasa kang wukir,
Mangsah semedi atapa.

Memetri bedhaya Ngayogya negari,
Para catur trah sagotra,
Menep antep jatidhiri,
Sabar darana sumarah.

Bintang panggung seni tari edi peni,
Marwanto Doktor kaloka,
Baut joged wiwit cilik,
Maringi tepa tuladha.

8. Megatruh

Raden Harjuna tedhak atmaja ratu,
Mbahu dhendha nyakrawati,
Pandhu Dewanata Prabu,
Bawa laksana ber budi,
Minangka kaca pangilon.

Tanggap tangguh tanggon wutuh wastra kampuh,
Mahanani mring pribadi,
Pituduh priyayi sepuh,
Binarung ing monggang gendhing,
Laras jangkep slendro pelog.

Jangkah maju langkah marem gerak arum,
Pak Marwanto mitayani,
Ngarah arah barang kawruh,
Dhasar seniman sejati,
Prebawa muncar mencorong.

9. Asmarandana

Medhang Jenggala Kediri,
Majapahit Kahuripan,
Singasari Daha rame,
Demak Pajang lan Mataram,
Suka crita Mintaraga,
Sanepan ajaran luhur,
Rinengga tari bedhaya.

Legawa patrap pakarti,
Srawung sawang sambung sambang,
Sepi pamrih rame gawe,
Kawula Ngayogyakarta,
Kulonprogo Bantul Sleman,
Dugi tlatah Gunungkidul,
Wruh bedhaya Mintaraga.

Jejere akademisi,
Gurune pra mahasiswa,
Siyang ratri enjang sore,
Pendhapa Tejakusuma,
Papan megah asri endah,
Piranti ambabar ngelmu,
UNY tambah kuncara.

10. Durma

Ulat patrap pangucap sakjroning kitab,
Mintaraga Ciptaning,
Ruruh anoraga,
Gagah bela negara,
Taberi gemi tur nastiti,
Pasrah sumarah,
Tata titi patitis.

Sri Narendra Negari Ngayogyakarta,
Seni den uri uri,
Kagunan ngrembaka,
Sumebar trus tumangkar,
Ajaran tumrap mudha mudhi,
Kutha padesan,
Siyaga darma bakti.

Gagah lincah Pak Marwanto genep genah,
Jumangkah merbawani,
Dhapuk Prabu Rama,
Apadene Bambangan,
Nalikane jaman rumiyin,
Tandange laras,
Pasare manis laris.

11. Dhandhanggula

Mintaraga Begawan Ciptaning,
Bedhaya gagrak Ngayogyakarta,
Sumunar cahya pamore,
Ngarsa Dalem Sri Ratu,
Yasa tari kang migunani,
Pralampita wewarah,
Joged sukeng pemut,
Abdi dalem narapraja,
Darma bakti dhumateng ibu pertiwi,
Suwita nusa bangsa.

Garwa putra mantu anyaosi,
Sanak kadang gumrojog tumandang,
Kadep Sekdep cawe cawe,
Dosen tendik sing rawuh,
Dekan Wadek kersa ngestreni,
Sinartan mahasiswa,
Sagung warga kampus,
Asung pambagya minulya,
Mrih basuki Doktor Marwanto lestari,
Suwita mring negara.

Pak Marwanto doktor Empu Tari,
Mirunggan bedhaya Mintaraga,
Ibarat sekar rinonce,
Semerbak ganda arum,
Cahya padhang jingglang nelahi
Penjuru nusantara,
Sumringah sumurup,
Reriptan Kanjeng Sultan,
Paring peling sabdatama mas sinangkling,
Warata saknegara.

Kemis Wage 6 Pebruari 2025,
Purwadi,
FBSB UNY

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *